“ NANDUR BODIN WOHE NANGKA “
“ Metu sing umah ya kenaoh kang, golet pegawean mbuh apa, aja glelang gleleng dolanan HP bae ! “, yu Endang ngromnyah karo nyaponi jogan sing laka runtahe, weruh kang Warsin sing wis seminggu ora nyambutgawe.
Kang Warsin gagian mencolot metu sing umah ora kepengin kedawan-dawan ribut karo bojone, “ nggolet pegawean neng endi yah ? “ jare kang Warsin.
Kang warsin sing lagi mlaku karo wiridan alias wira wira kaya wong edan ora ...