Selamat Datang di Website Resmi Desa Sindang kecamatan Dukuhwaru Kabupaten Tegal p

Artikel

Serial " Kang Warsin lan Yu Endang "

13 November 2024 10:58:57  Irfan Murtako  275 Kali Dibaca  artikel

“ NANDUR BODIN WOHE NANGKA “

              “ Metu sing umah ya kenaoh kang, golet pegawean mbuh apa, aja glelang gleleng dolanan HP bae ! “, yu Endang ngromnyah karo nyaponi jogan sing laka runtahe, weruh kang Warsin sing wis seminggu ora nyambutgawe.

              Kang Warsin gagian mencolot metu sing umah ora kepengin kedawan-dawan ribut karo bojone, “ nggolet pegawean neng endi yah ? “ jare kang Warsin.

              Kang warsin sing lagi mlaku karo wiridan alias wira wira kaya wong edan ora sengaja krungu ana wong ngomong “ nandur bodin wohe nangka “. Jebule wa Kamid lagi ndopok karo lik Darno neng pinggir pekarangan, “ lah loken ? “ jare lik Darno, “ iya sung, temenan “ wa Kamid nyauti.

              “ Nah ini likun… berita besar kyeh bisa dadi cuan “ kang Warsin mbatin, jiwa jurnalise meronta-ronta butuh pelampiasan.

              Kang Warsin gagian balik karo mindik-mindik njukut peralatan perang; HP, Tripod, karo lampu sorot, metu lewat jendela bokan konangan bojone.

Kang Warsin langsung maring TKP neng pekarangane wa Kamid. Sat-set, das-des, sret-srot…kang Warsin masang  peralatan tempur, kamera on, buka aplikasi Tak Tok live , action !.. “ Hallo gaes jumpa lagi di War seen channel, channelnya orang diluar nurul…, kali ini gua mau ajak kalian melihat fenomena alam yang diluar nurul.. nih gaes… ada tanaman Singkong berbuah nangka ! “..

Kang Warsin ngecebres karo mbedoli tanduran bodine wa Kamid, siji… loro… lima .. sepuluh wit… lah daning laka wohe ? … jare wohe nangka ?... kang Warsin mulai panik …

“ Sori gaes sepertinya ada yang salah nih, mungkin gua salah informasi atau gua kena prank . sudah dulu ya, kita jumpa lagi di live video berikutnya bay bay“ kang Warsin gagian nutup aplikasi Tak Tok , weruh Netizen mulai komentar sing ora-ora khawatir Followere pada mlayu..

“ Wa Kamid blih beres kyeh, nyebarna berita groak, eh hoax , kudune  dionjogi karo ganyami nganggo bahasa planet ben kapok “. Kang Warsin gagian marani umahe wa Kamid karo ndase kemebul kaya sepur lempung…

“ Wa, rika sing bener bae aja gawe reg nyebarna berita hoax, sampean wingi ngomong karo lik Darno jare Nandur Bodin wohe nangka…! ” kang Warsin langsung ndrodot kaya bedil tentara… “ Sabar, sabar ana apa ? “ jare wa Kamid.

“Wingi pas nyong liwat, ora sengaja krungu sampean ndopok karo lik Darno, terus sampean ngomong nandur Bodin wohe Nangka, kaeh tak bedoli jebule wohe bodin cilik-cilik “ kang Warsin njelasna maring wa Kamid,  “ Oh kaya kuwe,  berarti ente salah pengrungon, nyong pancen ngomong maring Darno, Nandur Bodin Wohe Langka, berhubung nyong lagi Pilek , cungure bebel, kayong rada bindeng, ndean ente krungune nandur bodin wohe nangka” wa Kamid klarifikasi.

“ Terus priben kaeh bodin sing dibedoli ente, nyong ora sudi, pokoke  njaluk ganti rugi !. wa Kamid gantian sing sewot, ngamang-ngamang golok maring kan Warsin

Kang Warsin gagian mlayu karo gemboran maring bojone, “ Tulung Ndaaang….! Kepriben kiye?.. ora sida olih duit malah gon bayar ganti rugi….. ! “

 

=story inspiration by "pak manten Suyitno"=

joko
18 November 2024 04:14:46
kang Warsin .... sing sabar ya kang....

Kirim Komentar


Nama
No. Hp
E-mail
Isi Pesan
  CAPTCHA Image  
 

 Peta Desa

 Statistik

 Arsip Artikel

 Agenda

Belum ada agenda

 Sinergi Program

 Pemerintah Desa

 Komentar

 Media Sosial

 Peta Wilayah Desa

 Peta Lokasi Kantor


Kantor Desa
Alamat : Jl. Raya Desa sindang, RT 02 RW 01 Kecamatan Dukuhewaru, Kabupaten Tegal
Desa : Sindang
Kecamatan : Dukuhwaru
Kabupaten : Tegal
Kodepos : 52451
Telepon :
Email : [email protected]

 Statistik Pengunjung

  • Hari ini:28
    Kemarin:74
    Total Pengunjung:27.094
    Sistem Operasi:Unknown Platform
    IP Address:192.168.123.101
    Browser:Mozilla 5.0